Contoh Pidato Bahasa Jawa SMP : Acara Ngurangi Sampah Ing Sekolah

 on Friday, October 10, 2014  

TULADHA TANGGAP WACANA / PIDHATO 

ACARA NGURANGI SAMPAH ING SEKOLAH 



A. TULADHA ATURIPUN PANATACARA (MC) 

Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokaatuh 

Ingkang kinurmatan, Panjenenganipun Bapak .................. kepala sekolah SMP................... 

Panjenenganipun Ibu (bapak) Maharani, M.Pd. Narasumber pepanggihan ing dinten menika 

Panjenenganipun Bapak/Ibu Guru ingkang tansah kula bekteni 

Para kadang siswa, ingkang kula tresnani.. 

Kapisan sumangga ngaturaken puji syukur, konjuk ing ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang sampun paring kalodhangan, ing enjing menika kita saged pepanggihan, kebak ing karaharjan, tebih ing sambekala. 

Sesarengan raos syukur kalawau, keparenga kula minangka panatacara, ambuka lampahing tatacara .......................... (nama acara), kanthi pangajab mugi-mugi kalis ing rubeda manggiha suka lawan basuki. (amiin) 

Bapak..Ibu lan para kadang siswa ingkang bagya mulya.. 

Ingkang menika kula waosaken tata runtuting acara kados ing andhap menika : 

1. Pambuka 

2. Tanggap wacana saking Wakil Siswa 

3. Tanggap Wacana Saking Bapak kepala Sekolah 

4. Tanggap wacana saking narasumber, Ibu (bapak)........................... 

5. Panutup. 

Bapak..Ibu, para rawuh sadaya ingkang ambeg berbudi darma.. 

Mekaten tata runtuting acara, sumangga kita dherekaken ngantos paripurnaning gati. 

Nuwun. 

Wassalamualaikum....wr wb 


ADA-ADA AREP TANGGAP WACANA/PIDHATO 

Bapak/Ibu, pengurus komite sekolah, ingkang kinurmatan 

Bapak/Ibu Guru ingkang ambeg berbudi darma 

Para siswa SMP .... ingkang tansah marsudi tumindak utami 

Salajengipun sumangga kita mirengaken tanggap wacana saking ............................ 

Dhumateng (Bapak)..................................... sasana lan wekdal kula sumanggakaken ... 





B. TULADHA TANGGAP WACANA WAKIL SISWA 

Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokaatuh 

Ingkang kinurmatan, Panjenenganipun Bapak .... kepala sekolah SMP....

Ingkang kinurmatan Ibu (bapak) Maharani ingkang bagya mulya 

Panjenenganipun Bapak/Ibu Guru ingkang tansah kula bekteni 

Para kadang siswa, ingkang kula tresnani.. 

Kapisan sumangga muji syukur ing Gusti Ingkang Maha Wikan, ingkang sampun paring kalodhangan lan kaberkahan, saengga ing enjing menika kita sami saged sami pepanggihan, sehat wal afiat kebak ing kawilujengan. 

Bapak-Ibu ingkang mahambeg berbudi darma, 

Kula sakanca rumaos bingah, awit sekolahan ngawontenaken program adiwiyata, mugi-mugi kanthi menika, sedaya warga sekolah saged tambah bregas semangat, amargi lingkunganipun ingkang asri lan sehat. 

Bapak Kepala Sekolah, Bapak-Ibu Guru, ugi Panjenenganipun Ibu (bapak) Maharani, narasumber bab sampah ingkang kula kurmati 

Program sekolah ngatasi sampah, menika penting sanget. Mugi-mugi kula sakanca, mangke saged nindakaken sedaya program sekolah, kangge ngatasi sampah. Sekolah ingkang sampun endah menika, mugi-mugi langkung asri ngresepaken ati. 

Para rawuh sedaya ingkang bagya mulya, 

Para kadang siswa ingkang kula tresnani, 

Ing wasana cekap semanten atur kula. Mbak Yuyun ngayak jinten korat-karit kececeran, kula nyuwun pangapunten awit sedaya kalepatan. 

Wasalamu’alaikum wr wb... 





C. TULADHA TANGGAP WACANA KEPALA SEKOLAH 

Assalamu’alaikum Wr Wb.. 

Mugi tresna-asihing Gusti, kajiwa kasarira ing kita sami.. 

Ibu Maharani ingkang kinurmatan 

Bapak-Ibu Guru ingkang ambeg berbudi darma 

Para siswa ingkang tansah tresna lingkungan 

Puji syukur sumangga kita aturaken ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Suci, Ingkang sampun paring kalodhangan lan umur panjang dhateng kita sedaya. Mugi-mugi pepanggihan menika, mbeta manfaat-barokah dhateng kita sedaya. 

Sholawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita, nabi Muhammad SAW, ingkang sampun maringi panuntun dhateng margi ingkang dipun ridlani Alloh SWT. 

Bapak-Ibu ingkang mahambeg darma.. 

Sampah utawi resek pancen boten saged dipun icali, nanging saged dipun kirangi lan dipun atur supados boten ngantos ngganggu kesehatan lan lingkungan kita. 

Lingkungan sekolah sampun dipun bangun kanthi sae. Ing pundi-pundi panggenan sampun ketingal ijo royo-royo. Tamansari kanthi sesekaran lan taneman, sedaya ketingal edipeni. Saged dados sumber belajar, lan nenambah sesawangan dados asri. Sinau dados sekeca, pikiran ayem lan tentrem. 

Pramila tugasipun para siswa sedaya, njagi karesikan lingkungan. Njagi kelestarian lingkungan. Boten ngrisak lan sregep ngopeni taman ingkang dados tanggel jawab kelasipun. 

Bapak-Ibu ingkang minulya, para siswa ingkang tansah tumindak utama 

Sekedhap malih, kita badhe mirengake andharan bab sampah saking narasumber, Ibu (bapak) Maharani. Ayo dimirengake sing temenan lan ditindakna kabeh kuwajibane njaga lingkungan. 

Ing wasana, cekap semanten andharan kula. Maturnuwun sedaya kawigatosan. 

Wasalamualaikum wr wb.. 







D. TULADHA TANGGAP WACANA NARASUMBER 

Assalamu’alaikum wr wb.. 

Amit pasang paliman tabik, tinebihna ing tulak sarik.. 

Panjenenganipun Bapak kepala Sekolah ingkang kinurmatan.. 

Bapak-Ibu dewan guru sekolah ingkang pantes minangka tepa palupi 

Para siswa-siswi ingkang mahambeg budi utami.. 

Puji syukur ing Gusti Alloh Ingkang Maha Suci, awit keparengipun kita sami saged pepanggihan ing papan mriki, kanthi sehat wal’afiat, boten kirang setunggal punapi. 

Bapak Kepala Sekolah, Bapak Ibu Guru ingkang minulya.. Para siswa sedaya ingkang bagya mulya 

Sampah utawi resek inggih punika kotoran utawi sisa-sisa saking sedaya kegiyatan kita. Saking sumberipun, sampah wonten ingkang kalebet sampah organik lan sampah anorganik. Sampah organik menika sampah ingkang asalipun saking mahkluk hidup,kados ta taneman lan sato kewan. Sampah anorganik menika sampah ingkang asalipun saking barang mati, kertas, plastik, logam, cairan, lan sanes-sanesipun. 

Para siswa pewaris nusa lan bangsa.. 

Sumangga sami atos-atos ing bab sampah menika. Kita boten saged ngicali, nanging kita saged ngirangi lan ngatur sampah ing sakupeng kita. Wonten tigang cara inggih menika 3R, reduce, recycle, lan re-use. Inggih menika ngirangi sampah saking sumberipun, mbucal sampah ing panggenanipun, lan daur ulang utawi manfaataken sampah dados barang ingkang migunani. 

Ngirangi sampah saking asalipun menika sae sanget dipunterapaken ing sekolahan. Wiwit mlebet sekolah, sedaya warga boten ngasta sampah, utawi barang ingkang mangkenipun dados sampah. Umpaminipun, boten ngasta tissue, plastik, lan sanes-sanesipun. Jajan ing kantin ugi mekaten. Boten wonten lan boten ngginakaken sedhotan plastik, bungkus plastik, lan sedaya bentuk kemasan ingkang akhiripun dados sampah utawi resek. 

Para rawuh sedaya ingkang bagya mulya 

Mekaten andharan bab cara ngirangi sampah ing wekdal menika. Taksih kathah cara sanesipun kangge ngatasi sampah. Mugi-mugi sanes wekdal kita saged pepanggihan malih. 

Matur nuwun sedaya kawigatosanipun, nyuwun pangapunten sedaya kalepatan. 

Wassalamualaikum, wr. wb. 
Contoh Pidato Bahasa Jawa SMP : Acara Ngurangi Sampah Ing Sekolah 4.5 5 Hand Friday, October 10, 2014 TULADHA TANGGAP WACANA / PIDHATO  ACARA NGURANGI SAMPAH ING SEKOLAH  A. TULADHA ATURIPUN PANATACARA (MC)  Assalamu’alaikum ...


No comments:

Post a Comment