Contoh Pidato Bahasa Jawa IX SMP : Penyuluhan Flu Burung

 on Friday, October 10, 2014  

TULADHA TANGGAP WACANA / PIDHATO
PENYULUHAN FLU BURUNG

1.       TULADHA ATURIPUN PANATACARA (MC)
A.      PAMBUKA
Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokaatuh
Ingkang kinurmatan, Panjenenganipun Bapak (ibu) .................. kepala sekolah SMP...................
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Komite Sekolah ingkang bagya mulya
Panjenenganipun Bapak (Ibu) Dr. Kusuma ingkang minulya
Panjenenganipun Bapak/Ibu Guru ingkang tansah kula bekteni
Para kadang siswa, ingkang kula tresnani..
Kapisan sumangga ngaturaken puji syukur, konjuk ing ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang sampun paring kalodhangan, ing enjing menika kita saged pepanggihan, kebak ing karaharjan, tebih ing sambekala.
Sesarengan raos syukur kalawau, keparenga kula minangka panatacara, ambuka lampahing tatacara .......................... (nama acara), kanthi pangajab mugi-mugi kalis ing rubeda manggiha suka lawan basuki. (amiin)
Bapak..Ibu lan para kadang siswa ingkang bagya mulya..
Ingkang menika kula waosaken tata runtuting acara kados ing andhap menika :
1.       Pambuka
2.       Tanggap wacana saking Wakil Siswa
3.       Tanggap Wacana Saking Bapak (ibu) kepala Sekolah
4.       Tanggap wacana saking Narasumber
5.       Panutup.
Bapak..Ibu, para rawuh sadaya ingkang ambeg berbudi darma..
Mekaten tata runtuting acara, sumangga kita dherekaken ngantos paripurnaning gati.
Nuwun.
Wassalamualaikum....wr wb

ADA-ADA AREP TANGGAP WACANA/PIDHATO
Bapak/Ibu, pengurus komite sekolah, ingkang kinurmatan
Bapak/Ibu Guru ingkang ambeg berbudi darma
Para siswa SMP .... ingkang tansah marsudi tumindak utami
Salajengipun sumangga kita mirengaken tanggap wacana saking ............................
Dhumateng Bapak (Ibu)..................................... sasana lan wekdal kula sumanggakaken ...



2.       Tanggap Wacana saking Wakil Siswa

Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokaatuh
Ingkang kinurmatan, Panjenenganipun Bapak (ibu)  .... kepala sekolah SMP....
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Komite Sekolah ingkang bagya mulya
Panjenenganipun Bapak (Ibu) Dr. Kusuma saking Puskesmas Ketawang ingkang minulya
Panjenenganipun Bapak/Ibu Guru ingkang tansah kula bekteni
Para kadang siswa, ingkang kula tresnani..

Kapisan, sumangga ngaturaken puji syukur ing Ngarsanipun Gusti Alloh SWT, awit saking berkah rahmatipun, kita sedaya saged pepanggihan, kebak ing karaharjan, tebih ing sambekala.
Sholawat lan salam, katur nabi agung Muhammad SAW, ingkang sampun dados tepa palupi tumrap kita sami.
Bapak, Ibu, para rawuh sedaya ingkang ambeg berbudi darma..
Kula minangka wakil siswa, maturnuwun sanget dhateng sekolah ingkang sampun paring kathah wewarah, lumantar Bapak/Ibu Guru. menapa malih ing enjing menika, kanthi wontenipun penyuluhan bab flu burung ingkang penting sanget kita sumerapi. Mugi-mugi sedaya wewarah kalawau dadosa elmu ingkang manfaat lan barokah.
Bapak/Ibu ingkang kinurmatan,
Para kadang siswa ingkang bagya mulya
Ingkang punika sumangga kita semak lan mirengaken kanthi saestu, andharan ingkang mangke kaparingaken kaliyan Bapak (Ibu) Dokter saking Puskesmas Ketawang. Kathah gina lan paedah boten namung tumrap kita para siswa, nanging ugi migunani tumrap keluwarga lan warga masyarakat ing sakiwa tengen kita.
Ing wasana, cekap semanten atur kawula. Sambel kupat jangane kara, menawi wonten lepat, nyuwun agunging pangaksama.
Nuwun,
Wasalamu’alaikum Warrohmatullohi wabarokaatuh...




3.       Tanggap Wacana Saking Kepala Sekolah
Assalamu’alaikum Wr Wb..
Mugi tresna-asihing Gusti, kajiwa kasarira ing kita sami..
Bapak/Ibu, pengurus komite sekolah, ingkang kinurmatan
Panjenenganipun Bapak (Ibu) Dr. Kusuma saking Puskesmas Ketawang ingkang kinurmatan
Bapak/Ibu Guru ingkang ambeg berbudi darma
Para siswa SMP .... ingkang tansah marsudi tumindak utami
Puji syukur sumangga kita aturaken ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Suci, Ingkang sampun paring kalodhangan lan umur  panjang dhateng kita sedaya. Mugi-mugi pepanggihan menika, mbeta manfaat-barokah dhateng kita sedaya.
Sholawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita, nabi Muhammad SAW,  ingkang sampun maringi panuntun dhateng margi ingkang dipun ridlani Alloh SWT.
Bapak, Ibu .. ingkang bagya mulya
Minangka bageyan saking program kesehatan sekolah, kanthi menika kita ngawontenaken acara penyuluhan kesehatan; flu burung. Menika penting sanget sebab ing pundi-pundi panggenan sami ajrih lan bingung bab flu burung menika.
Mugi-mugi kanthi rawuhipun Bapak (Ibu) Dr. Kusuma ing enjing menika, saged maringi katrangan ingkang gamblang dhateng kita sedaya. Supados boten sami ajrih nanging bingung kedah kados pundi.
Bapak/Ibu, para siswa sedaya, sumangga kita mirengaken sesarengan mugi-mugi  mupangati tumrap kita sedaya. Dhumateng Bapak (Ibu) Dr. Kusuma, maturnuwun awit saking rawuhipun ing sekolah menika.
Ing wasana, Jaya-jaya wijayanti, tetep jaya ing kabeh pambudi. Nuwun.
Wasalamu’alaikum wr wb..


4.       Tanggap Wacana Saking Narasumber
Assalamu’alaikum wr wb..
Panjenenganipun Bapak kepala Sekolah ingkang kinurmatan..
Bapak-Ibu dewan guru sekolah ingkang pantes minangka tepa palupi
Para siswa-siswi ingkang mahambeg budi utami..
Puji syukur ing Gusti Alloh Ingkang Maha Suci, awit keparengipun kita sami saged pepanggihan ing papan mriki, kanthi sehat wal’afiat, boten kirang setunggal punapi.
Bapak (ibu) Kepala Sekolah, ugi Bapak Ibu Guru ingkang minulya..
Para siswa ingkang kula tresnani
Flu Burung mujudaken  salah satunggaling penyakit ingkang sumberipun saking sato kewan, jenis unggas kados ta peksi lan ayam, kanthi virus influenza A (H5N1). Virus flu burung H5N1 kalebet virus ingkang ganas.
Virus H5N1 saged gesang ing saluran pencernaanipun ayam utawi peksi. Salajengipun ayam utawi peksi kalawau ngedalaken lan nularaken virus kalawau liwat kotoranipun. Kotoran kalawau lajeng garing, ajur utawi mbubuk lan kabekta hawa lajeng kasedhot dening manungsa.
Para rawuh sedaya ingkang bagya mulya,
Kangge nyegah kenging flu burung, pakulinan pola hidup sehat kedah dipun gatosaken. Dhahar seimbang lan bergizi, istirahat ingkang cukup, lan olah raga ingkang teratur saged njaga lan ngindhakaken daya tahaning badan. Manawi wonten ayam, peksi ingkang kenging infeksi flu burung saenipun dipun besmi kemawon, dene ayam, peksi ingkang sehat kedah dipun vaksinasi. Ing bab dhaharan, pangolahing daging ayam kedah milih ingkang sehat lan dipunmasak ngantos suhu 80 derajad Celcius. Yen tigan ngantos 64 derajad Celcius .

Bapak-Ibu ingkang minulya,.. para siswa sedaya ingkang kula tresnani..
Mekaten ingkang saged kula aturaken. Mangga sami dipun jagi kesehatan kita kanthi ngulinakaken karesikan ing pundi kemawon. Nuwun
Wasalamualaikum wr wb.
Contoh Pidato Bahasa Jawa IX SMP : Penyuluhan Flu Burung 4.5 5 Hand Friday, October 10, 2014 TULADHA TANGGAP WACANA / PIDHATO PENYULUHAN FLU BURUNG 1.       TULADHA ATURIPUN PANATACARA (MC) A.      PAMBUKA Assalamu’alaikum...


No comments:

Post a Comment