Contoh Pidato Bahasa Jawa Kelas 9 SMP

 on Friday, October 10, 2014  

TULADHA TANGGAP WACANA / PIDHATO
ACARA PERESMIAN GREENHOUSE ADIWIYATA

1.       TULADHA ATURIPUN PANATACARA (MC)
A.      PAMBUKA
Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokaatuh
Ingkang kinurmatan, Panjenenganipun Bapak (ibu) .................. kepala sekolah SMP...................
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Komite Sekolah ingkang bagya mulya
Panjenenganipun Bapak/Ibu Guru ingkang tansah kula bekteni
Para kadang siswa, ingkang kula tresnani..
Kapisan sumangga ngaturaken puji syukur, konjuk ing ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang sampun paring kalodhangan, ing enjing menika kita saged pepanggihan, kebak ing karaharjan, tebih ing sambekala.
Sesarengan raos syukur kalawau, keparenga kula minangka panatacara, ambuka lampahing tatacara .......................... (nama acara), kanthi pangajab mugi-mugi kalis ing rubeda manggiha suka lawan basuki. (amiin)
Bapak..Ibu lan para kadang siswa ingkang bagya mulya..
Ingkang menika kula waosaken tata runtuting acara kados ing andhap menika :
1.       Pambuka
2.       Tanggap wacana saking Wakil Siswa
3.       Tanggap Wacana Saking Bapak (ibu) kepala Sekolah
4.       Tanggap wacana saking Komite Sekolah
5.       Panutup.
Bapak..Ibu, para rawuh sadaya ingkang ambeg berbudi darma..
Mekaten tata runtuting acara, sumangga kita dherekaken ngantos paripurnaning gati.
Nuwun.
Wassalamualaikum....wr wb

ADA-ADA AREP TANGGAP WACANA/PIDHATO
Bapak/Ibu, pengurus komite sekolah, ingkang kinurmatan
Bapak/Ibu Guru ingkang ambeg berbudi darma
Para siswa SMP .... ingkang tansah marsudi tumindak utami
Salajengipun sumangga kita mirengaken tanggap wacana saking ............................
Dhumateng (Bapak)..................................... sasana lan wekdal kula sumanggakaken ...

2.       Tanggap Wacana saking Wakil Siswa

Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokaatuh
Ingkang kinurmatan, Panjenenganipun Bapak (ibu)  .... kepala sekolah SMP....
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Komite Sekolah ingkang bagya mulya
Panjenenganipun Bapak/Ibu Guru ingkang tansah kula bekteni
Para kadang siswa, ingkang kula tresnani..

Kapisan, sumangga ngaturaken puji syukur ing Ngarsanipun Gusti Alloh SWT, awit saking berkah rahmatipun, kita sedaya saged pepanggihan, kebak ing karaharjan, tebih ing sambekala.
Sholawat lan salam, katur nabi agung Muhammad SAW, ingkang sampun dados tepa palupi tumrap kita sami.
Bapak, Ibu, para rawuh sedaya ingkang ambeg berbudi darma..
Kula minangka wakil siswa, bingah sanget amargi sekolah sampun yasa “green house” menika. Mugi-mugi “green house” menika saged kangge sumber belajar kula sakanca. Kanthi “green house” menika ugi, mugi-mugi sekolahan hawanipun tambah seger, warganipun saya ayem lan tentrem.
Bapak, Ibu, para kadang sedaya ingkang bagya mulya..
mekaten sekedhik atur kula. Sepisan malih maturnuwun sanget dhateng Komite lan Sekolah. Mugi-mugi para siswa sedaya saged anjagi kelestarian lingkungan menika.
Ing wasan, menawi wonten lepat atur kula, nyuwun agunging pangaksama.
Nuwun,
Wasalamu’alaikum Warrohmatullohi wabarokaatuh...




3.       Tanggap Wacana Saking Kepala Sekolah
Assalamu’alaikum Wr Wb..
Mugi tresna-asihing Gusti, kajiwa kasarira ing kita sami..
Bapak/Ibu, pengurus komite sekolah, ingkang kinurmatan
Bapak/Ibu Guru ingkang ambeg berbudi darma
Para siswa SMP .... ingkang tansah marsudi tumindak utami
Puji syukur sumangga kita aturaken ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Suci, Ingkang sampun paring kalodhangan lan umur  panjang dhateng kita sedaya. Mugi-mugi pepanggihan menika, mbeta manfaat-barokah dhateng kita sedaya.
Sholawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita, nabi Muhammad SAW,  ingkang sampun maringi panuntun dhateng margi ingkang dipun ridlani Alloh SWT.
Bapak, Ibu .. ingkang bagya mulya
Awit saking panyengkuyung sedaya pihak, sekolah sampun saged yasa “greenhouse” menika. Isinipun maneka warni taneman ingkang kathah ginanipun. Saged ngasilaken oksigen, nambah wawasan, ugi nglestarekaken lingkungan.
Tujuwan saking “greenhouse” inggih menika, sageda kangge sumber belajar, ngenalaken siswa dhateng raos tresna dhateng lingkungan, ugi kangge nyengkuyung program adiwiyata.
Para rawuh sedaya ingkang bagya mulya,
Ing wasana, mekaten ingkang saged kula andharaken. Matur nuwun dhateng komite sekolah, Bapak Ibu Guru sedaya. Kangge para siswa, ayo dijaga lingkungane, diopeni “greenhouse”-e.
Jaya-jaya wijayanti, tetep jaya ing kabeh pambudi. Nuwun.
Wasalamu’alaikum wr wb..



4.       Tanggap Wacana Saking Komite Sekolah
Assalamu’alaikum wr wb..
Amit pasang paliman tabik, tinebihna ing tulak sarik..
Panjenenganipun Bapak kepala Sekolah ingkang kinurmatan..
Bapak-Ibu dewan guru sekolah ingkang pantes minangka tepa palupi
Para siswa-siswi ingkang mahambeg budi utami..
Puji syukur ing Gusti Alloh Ingkang Maha Suci, awit keparengipun kita sami saged pepanggihan ing papan mriki, kanthi sehat wal’afiat, boten kirang setunggal punapi.
Bapak (ibu) Kepala Sekolah, ugi Bapak Ibu Guru ingkang minulya..
Minangka wakil saking komite sekolah, kula ngaturaken raos bingah, amargi sekolah menika boten namung bangunanipun ingkang megah, nanging ugi sedaya warganipun sami guyub-rukun, supados program adiwiyata saged kasil. Artosipun pembangunan fisik sekolah, sampun dipun imbangi kaliyan pembangunan SDM ing sekolah menika sampun sae lan ngalami kemajuwan.
Para rawuh sedaya ingkang bagya mulya,
Komite sekolah tansah nyengkuyung program sekolah, ingkang sae lan penting tumrap para siswanipun. Mugi-mugi “greenhouse” menika saged dipun manfaataken kanthi sae lan saged dados conto sekolah-sekolah sanesipun.
Bapak-Ibu ingkang minulya,.. para siswa sedaya ingkang kula tresnani..
Mekaten ingkang saged kula aturaken. Mangga sami dipun jagi supados lingkungan sekolah kita asri, supados bumi ingkang kita tresnani menika lestari.
Nyuwun pangapunten bilih wonten kalepatan,
Wasalamualaikum wr wb.
Contoh Pidato Bahasa Jawa Kelas 9 SMP 4.5 5 Hand Friday, October 10, 2014 TULADHA TANGGAP WACANA / PIDHATO ACARA PERESMIAN GREENHOUSE ADIWIYATA 1.       TULADHA ATURIPUN PANATACARA (MC) A.      PAMBUKA A...


No comments:

Post a Comment