Prediksi Soal Bahasa Jawa UKK 7 SMP UAS 2 TA 2013/2014

 on Tuesday, May 27, 2014  

Dr. Karyadi Dening : Eko WijionoRepublik Indonesia nalika semana wis dinyatakake mardika. Nanging ing saben kuthatentara Jepang isih ana. Tentara-tentara Jepang iku isih asikep gegaman cukup, kaya-kaya isihnduweni panguasa. Ing Semarang para pemudha pengin banget ngrebut senjata-senjata Jepangiku. Sawijining perembugan ngalami dalan buntu. Mula pertempuran ora bisa diendhani maneh.Para korban rubuh ing antarane sing lagi peprangan iku. Pertempuran lagi bisa leren nalikane anapanjaluk saka Gubernur Wongsonegoro.Ing wektu sabanjure Jepang isih rumangsa serik marang rakyat Indonesia. Tentara Jepangtansah golek kesempatan kanggo nyilakakake utawa mateni rakyat Indonesia. Sawijining wektuana kabar menawa panyimpenan banyu ing Wungkal direbut sakelompok tentara Jepang. Wong-wong dadi padha sujana.
“ Wah, bahaya iki !” omonge sawenehing wong. “ Kita bakal mati kabeh yen tentara
Jepang menehi
racun ing panyimpenan banyu mau”.

“Kurang ajar !” omongane liyane. “ Kita ora kena meneng bae yen nganti Jepang ngrac
unpanyimpenan banyu ksb. Akeh sing bakal dadi korban yen banyu iku diombe dening pendhudhuk
Semarang”.“Apa durung ana wara
-
wara resmi ngenani banyu iku ?”

“ Kabar wis sumebar rata. Muga
-muga kabeh wong padha mangerteni. Lan kita uga kudunyebarake warta iki kanggo upaya jaga-
 jaga”.

“ Kowe bener. Tumindak iki kanggo jaga
-jaga anane tumindake Jepang sing pancen licik.
Jepang bisa tumindak apa bae tanpa duwe rasa kamanungsan”.
 Para pemimpin ing kutha Semarang uga wis krungu ngenani panyimpenan banyu Wungkalsing dikwasani dening saklompok tentara Jepang. Malah sadurunge prastawa iku ana pirang-pirang pulisi sing jaga panyimpenan banyu padha dipateni tentara Jepang iku.
“ Piye kedadeyan satemene? “ pitakone Gubernur Wongsonegoro.

“Polisi ingkang njagi
panyimpenan toya dipun tembaki Pak. Kathah pendhudhuk ingkang
sumerep kedadosan wau inggih ngalami kedadosan ingkang sami. Gugur katembak” jawabe anak
buahe sang Gubernur.
“Apa wis pasthi

yen panyimpenan banyu iku kena racun ?”.

“Warta ingkang kula tampi
pancen makaten. Pak. Criyosipun sampun wonten korban
saksampunipun ngginakaken toya saking ngrika”.

“Yen pancen ngono perlu dibuktekake maneh, menawa panyimpenan banyu iku kena
racun. Iki mbebayani banget. Kita bakal protes marang pimpinan Jepang ing Sema
rang”.
 Sawise nganakake rembugan, Gubernur banjur nimbali dokter Karyadi. Dokter iki isih enom.Panjenengane kepala laboratorium RS Purusara Semarang. Dokter Karyadi banget ditresnanidening masyarakat Semarang. Panjenengane pemudha patriotic.
“Panyimpenan
banyu iku akeh banget gunane. Meh kabeh pendhudhuk Semarang singnggunakake. Mula menyanga panyimpenan banyu ing wungkal mau. Priksanen apa bener
panyimpenan banyu iku wis klebon racun” prentahe Sang Gubernur marang dokter enom iku
.
………………………………………………….
 Kapetik saka : Penyebar Semangat
1. Sing diarani wacan bocah yaiku ….
 a. wacan, dongeng kanthi basa tulis kango para bocahb. wacan, dongeng kang didongengake dening bocahc. wacan, dongeng kancil nyolong timund. wacan, dongeng kang ditulis dening para bocah

2. Wacan bocah Dr. Kariyadi dikarang dening ….
 a. Dhiana Andriyani c. Eko Wijionob. Astuti Wulandari d. Kusnadi

3. Paraga utama ing wacan bocah Dr. Kariyadi yaiku ….
 a. Adit b. Tentara Jepang c. Dewi d. Gubernur Wongsonegoro

4. Crita Dr. Kariyadi iku kadadeyan saka ……pada (alinia )
 a. 2 b. 3 c. 4 d. 5

5. Paraga-paraga ing wacan bocah Dr. Kariyadi yaiku …
 a. Gubernur Wongsonegoro, Tentara Jepang, Dr. Kariyadib. Tentara Jepang, Adit, Dewic. Dr. kariyadi, Amir, Dewid. Wongsonegoro, Eka Wijiono, Dhiana

6. Wacan Bocah iku bisa diwaca ing ….
 a. Gaul c. Jaya Baya, Penyebar Semangatb. Koran Jawa Pos d. Kartini

7. Ing wektu sabanjure Jepang isih rumangsa serik marang rakyat Indonesia. Tembung serik pada karo …
 a. Iri dengki b. mangkel c. ngamuk d. Iri hati

8. Dewi bakal mbangun turut marang Ibuke. Tembung sarojo mbangun turut tegese ….
 a. ngalah b. manut,bekti c. mundur d. ngamuk nesu

9. Dewi wis prasetya ing atine, prasetya iku dasanamane ….
 a. ngenteni b. sabar c. ngalah d. janji

10. Panganggone basa iku ana loro yaiku …
 a. lisan lan tulis c. dongeng lan critab. tulisan lan wacan d. tulis lan tinulis

11. Ngirim kabar kanthi cara SMS iku kalebu basa …
 a. lisan–tulis b. singkatan c. lisan d. tulis

12. Nggunakake basa tulis kanggo ngandakake pesen utawa kabar bisa uga liwat …
 a. telpon b. layang/surat c. radio d. majalah

13. Nggunakake basa lisan iku kudune manut ing …
 a. tata tulise c. unggah-ungguhb. bukune d. tata ejaane

14. Tuladhane panganggone basa lisan, kaya ta …
 a. layang b. majalah c. ndongeng d. maca buku

15. Siti arep nyilih buku marang Lina kanca sabangkune, basa kang digunakake Siti yaiku basa ragam ….
 a. ngoko lugu c. krama andhapb. ngoko alus d. krama Inggil

16. Ukarane Siti nalika arep nyilih buku marang Lina yaiku …
 a. jeng Lina, mbok aku diampili buku cathetan basa jawa!b. Lin, aku nyilih bukumu cathetan basa jawa ya !c. Nuwun sewu, kaparenga kula ngampil cathetan basa jawa !d. Lin, buku gandhahan sampeyan dakampile sedhela bae!

17. Yen ngomong karo wong sing luwih tuwo iku arane …
 a. kandha b. ngendika c. matur d. guneman

18. Eyang nembe …… kaliyan dhayonipun.
 a. matur b. kandha c. ngendikan d. guneman

19. Pak Guru mboten saged ….. amargi putranipun sakit.
 a. dugi b. sowan c. rawuh d. dhateng
20. Bapak …….ing kamar ngajeng.
a. sare b. mlungker c. turu d. tilem

21. Pak, kula mangke badhe ….Arema ing Stadion Kanjuruhan, pareng nggih ?
 a. nonton b. nyawang c. mirsani d. ningali

22. “ Bu Guru menapa sampun nate …. Film Spiderman ? “ pit
akone Wati.a. mirsani b. ningali c. nyawang d. nonton

23. Tuladhane basa ngoko alus yaiku …
 a. Ton, bukumu iku lebokno tas ! c. Mbenjing kula wangsul enjingb. panjenengan apa wis dhahar ? d. Sinten ingkang kagungan buku punika ?

24. Tuladhane basa ngoko lugu ….
 a. peleme wis mateng-mateng ayo diundhui, Jon !b. Mbak Deby apa ora kersa ?c. Kula ajrih kaliyan Sawer d. Mugi-mugi panjenengan enggal dangan

25. Coba batangen cangkriman iki : anake di idak-idak emboke dielus-elus yaiku …
 a. suwal b. nanas c. becak d. andha
Prediksi Soal Bahasa Jawa UKK 7 SMP UAS 2 TA 2013/2014 4.5 5 Hand Tuesday, May 27, 2014 Dr. Karyadi   Dening : Eko Wijiono Republik Indonesia nalika semana wis dinyatakake mardika. Nanging ing saben kuthatentara Jepang isih ana...


No comments:

Post a Comment