Soal UTS 2 Bahasa Jawa Kelas IX Semester 2 TA 2015-2016

 on Thursday, February 25, 2016  

Soal UTS 2 Bahasa Jawa Kelas IX Semester 2 TA 2015-2016

Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi milih wangsulan kang wus cumawis!
1. Tembung liya Pranatacara kaya ing ngisor iki kejaba….
a. pambiwara
b. pranataadicara
c. pranata titilaksana
d. juru paniti priksa

2. MC iku cekakan saka tembung ….
a. Mastery of Ceremony
b. Mastery Ceremony
c. Master of Ceremony
d. Magester of Ceremonial
3. Pranata adicara menika salah satunggaling paraga ingkang nggadhahi jejibahan … .
a. caos seserepan dhumateng para rawuh
b. caos panglipur dhumateng ingkang rawuh ing adicara
c. nglantaraken titilaksana ing satunggaling adicara
d. atur pangandikan ing salebetipun adicara
4. Supados saged ngolah basa lan sastra pranatacara kedah saged mangertos … .
a. paramasastra
b. unggah-ungguh
c. tatakrama
d. unggah-ungguh lan tatakrama
5. Kanthi pangertosan paramasastra pranatacara/pamedarsabda saged ndhapuk mocap, tembung, ukara, wacana kanthi laras lan leres. Laras tegesipun … .
a. pranatacara saged ngrantam trep kaliyan kawontenan saha swasana.
b. pranatacara saged ngrantam saha mbabar titi laksana trep kaliyan kawontenan saha swasana.
c. Saged ngginakaken basa ingkang trep kaliyan paramasastra.
d. Pranatacara saged nguwaosi kawontenan kanthi sae.
6. Teks sesorah kang isine ngucapake salam marang para tamu minangka tanda sapa aruh lan pakurmatan, perangan sesorah:
a. Isi
b. Pambuka
c. Pangarep-arep
d. Panutup
7. Teks sesorah kang isine memuji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Asih supaya acara saged kalaksanan kanthi lancar, perangan sesorah:
a. Isi
b. Pambuka
c. Pangarep-arep
d. Pamuji
8. Nalika sesorah wirasa dipatrapake karo swasana, upamane layatan boten sami kaliyan syukuran. Aja nganti gojegan. Kang ngono iku ateges wong sesorah iku nggatekake … .
a. wicara
b. wiraga
c. wirama
d. wirasa
9. Nalika sesorah swantenipun ingkang trep, boten keseron, boten bengok-bengok, lan boten kelirihen, tegesipun tiyang sesorah menika nggatosaken … .
a. wicara
b. wiraga
c. wirama
d. wirasa
10. Tiyang sesorah kedahipun patrap kaliyan swasana badan kedah teteg, jejeg, mantep, asta ngapurancang. Praen ulat sumeh, grapyak, ora besengut. Ateges nggatosaken … .
a. wicara
b. wiraga
c. wirama
d. wirasa
11.
1
Isi
2
Pangarep-arep
3
Pamuji
4
Pambuka
5
Panutup
Urut-urutanipun sesorah ingkang leres inggih menika … .
a. 2, 3, 5, 1, 4
b. 4, 3, 1, 2, 5
c. 4, 2, 1, 3, 5
d. 4, 1, 3, 2, 5
12. Keparenga kula ingkang piniji panitya supados ngaturaken urut reroncening upacara Pelantikan Pengurus OSIS SMP N 1 Wonosari Pereode 2014/2015. Tembungpiniji tegese ….
a. didhapuk
b. dijaluk
c. diprayogakake
d. ditindakake
13. Kula minangka pranata adicara, mbok bilih wonten galap gangsuling atur saestu kula nyuwun pangapunten. Tembung galap gangsuling atur tegese….
a. kaluputan panggonan/ papan
b. kaluputan anggone matur/ngomong
c. kaluputan wektu
d. kaluputan sandhangan/ dandanan
14. “Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMP Tunas Muda ingkang dhahat kinurmatan, Bapak Wakil Kepala Sekolah Bidang Kesiswaan, Bapak/Ibu Guru, Karyawan, saha para siswa ingkang tansah winantu ing suka basuki. Tembung “basuki” tegesipun ….
a. alangan
b. diajeni
c. diormati
d. slamet
15. Perangane pranatacara kang isine njaluk pangapura mbok menawa anggone matur/ngomong ana kaluputan , diarani ….
a. Pambuka
b. Isi
c. Ngatuarke acara siji mbaka siji kanthi wijang/cetha

d. Panutup



20 Soal DISINI
Soal UTS 2 Bahasa Jawa Kelas IX Semester 2 TA 2015-2016 4.5 5 Hand Thursday, February 25, 2016 Soal UTS 2 Bahasa Jawa Kelas IX Semester 2 TA 2015-2016 Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi milih wangsulan kang wus c...


No comments:

Post a Comment