DONGENG " SI GEMBONG"

 on Friday, October 10, 2014  

NYEMAK DONGENG " SI GEMBONG"
A.          Dongeng
Dongeng kalebu crita rakyat, yaiku crita kang wis ana wiwit biyen mula, turun-temurun, lan diwarisake kanthi cara lisan. Dongeng iku ngemu piwulang lan pitutur kang becik kanggo para siswa.
Salah siji kang narik ati ing dongeng iku asring ana paraga (tokoh) sing nduweni kaluwihan, kasekten sing ngedab-edabi malah sok ora tinemu ing nalar. Ana uga paraga kang ora sabaene, ora lumrah; umpamane peri, siluman, dewa, ula naga, lsp.
Dongeng utawa dedongengan iku yen ndeleng isi utawa critane bisa awujud fabel, sage, legende, epik lan mite. Sing diarani Fabel yaiku dongeng kang paragane kewan lan dianggep bisa tatajalma kayadene manungsa. Tuladhane dongeng jenis iki yaiku Dongeng Kancil; Kancil karo Pak Tani, Kancil karo Baya, Kancil karo Macan, lsp. Dongenge Manuk Bango karo Kepiting, Gajah lan Semut, uga dongeng-dongeng liyane kang paragane kewan.
Sage yaiku crita kang ana ing satengahe masyarakat utawa crita rakyat kang ana sesambungane karo prastawa sejarah kacampur anane karangan (fantasi) ing masyarakat. Tuladhane dedongengane Wali Sanga, Raden Wijaya ngusir Prajurit Cina, Prabu Airlangga, lsp.
Legende yaiku dongeng asal-usul. Kalebu jenis legende umpamane Banyuwangi, Rawa Bening, Surabaya, lsp.
Epik yaiku dongeng kang nyritakake kepahlawanane sawijining tokoh. Umpamane Untung Surapati, Pangeran Diponegoro, Jaka Sambang, lsp. Epik sok diarani uga epos, wira carita.
Mite dongeng kang ana ing tengahing masyarakat, nduweni bab-bab ghoib kang ora tinemu ing nalar,  dipercaya anane, paragane sok dewa, peri, siluman lsp. Tuladhane yaiku dongeng Nyi Rara Kidul, Nyi Blorong, Crita bab pundhen, patilasan kang aneh lan dipercaya anane dening masyarakat sakupenge.
Apa para siswa bisa nyebutake dedongengan kang ana ing masyarakat ? Kalebu jenis dongeng apa sing ana ing mayarakatmu iku ?

B.     Nyemak Dongeng
GEMBONG NYEMPLUNG SUMUR

Bareng Macan Tutul mati lampus, sing nggenteni dhampar kalungguhane anake sing aran Gembong. Gembong iku watak wantune beda banget karo bapake sing jembar segarane, seneng ngayomi, gawe senenge kewan alas liyane. Gembong iku macan sing adigang adigung, senengane ngendelake kekuwatane karosane lan panguwasane. Bareng wis dadi ratuning alas, kabeh penjaluke kudu dituruti. Yen ana sing nglawan dipateni.
Gembong nggawe pranatan, kanggo mangane saben minggu, kabeh kewan ing alas iku kudu setor panganan marang ratune. Yen gilirane bangsa sapi ya setor sapi, yen bangsa kidang ya setor kidang. Kahanane alas dadi tintrim. Akeh kewan sing padha ngungsi amarga wedi. Apamaneh yen lagi tekan ing gilirane. Bih, turu ora bisa turu, arep metu golek pangan ati sarwa wedi.
  “Tenan ya, Cil. Aku tulungana. Atiku sumpeg lan bingung, tansah ketir-ketir ora bisa jenak. Ing omah bingung, metu saka leng tansah was sumelang,” mengkono layange Truwelu marang Kancil. Pancen minggu iki gilirane Truwelu kudu setor marang ratune. Pikirane wis judheg, mula banjur gawe layang marang Kancil, senajan durung gelem blaka apa satemene kang dumadi.
“Ana apa ta, Lu. Aku dadi bingung karo kowe ki. Wingi kirim layang jare atimu kari samenir. Saiki bareng taktakoni, kok malah padha meneng bae. Ora gelem kandha apa-apa. Malah kae akeh sing padha mewek,” kandhane Kancil rada anyel, sebab truwelu-truwelu iku padha meneng bae. Ora ana sing blaka suta, malah akeh sing padha mingseg-mingseg.
“Hk, hk. Huu .. huu... huuuaaaa! Piye iki Cil. Tulungana bangsaku ya, Cil,” kaya bendhungan jebol, tangise ambrol. Sebab sing tuwa nangis, truwelu sing cilik-cilik ya padha melu nangis, mbrebegi kuping. Kabeh padha mewek karo nyebek-nyebek, elek banget.
“Ha, ha, ha.. hua, ha,  ha! Jabang bayiik! Woalah Lu..Lu. lha kok lucu ta kowe kuwi. Rupamu kuwi wis elek. Lha kok malah anak bojomu mbok jak mewek kabeh.. wo alah..alah..” Kancil ngguyu kekelen, nganti senep wetenge.
Krungu Kancil nangis, tambah banter tangise Truwelu, sebab rumangsa Kancil ora gelem mitulungi. Kancil dianggep mung arep ngenyek bae.
“Huss! Meneng! Nek ora padha meneng, taktinggal mulih, lo!” cep klakep  kaya orong-orong kepidak, tangis sing mbrebegi kuping mau mandheg. Sepi mamring.
“Wis saiki kandhaa, aku ora nduwe wektu akeh. Aku ana undhangan ing liya panggonan!”
Akhire Truwelu crita blaka suta, yen minggu iku gilirane setor rakyate marang Gembong. Nanging ora mentala, arep nyerahake awake dhewe, kok wedi karo kukune macan sing lincip-lincip iku.
“Woalah..alah.. iku ta perkarane. Wis ngene bae. Sapa sing kokpilih ora dadi masalah. Mengko takgolekake carane. Sesuk sadurunge budhal ing kratone Gembong, mampira omahku. Mengko taktuduhi carane,” kandhane Kancil nglegakake atine Truwelu.
Sesuke si Plangka, anake Truwelu sing paling kendel lan landhep pikire budhal menyang kratone Gembong. Ora lali banjur mampir ing omahe Kancil. Tekan omahe Kancil banjur dikandhani carane bisa uwal saka Gembong. Ora mung iku bae nanging uga kepengin melehake Gembong sing sapa sira sapa ingsun, adigang lan adigung iku.
Sauntara iku si Gembong lagi lungguh jegrang ing ngarep omahe sadhuwure jurang. Bola-bali ndeleng dalan, sedhela-sedhela ngremesi wetenge sing wis nginthir-inthir njaluk isi. Hmmwwwoooah.. bola-bali gerone gawe giris wedi kewan-kewan sing keprungu.
“Tulung..tulung Pak Gembong..” Plangka ngagetake si Gembong. Rasa luwe sing mau ditahan sakala kaya ilang. Apamaneh weruh si Plangka sing wulune pating gedhuwal, kaya mari kerah. Awake beset-beset gudras getih.
“Hmmwwwoooaaah..! ngaget-ngageti bae! Ora weruh ratumu lagi luwe.. Hmmwwwoooaaah..!”
“Ngapunten, Pak.. kula diutus Bapak.. setor awak kula niki. Kalih sedherek kula..”
“Hmmwwwoooaaah..! lha endi..dulurmu?”
“Ngaten, Pak Mbong. Wau kula tiyang sekawan. Lemu ginuk-ginuk, mesthi eca nek didamel sate. Teng tengah dalan, dicegat kalih si Gembing. Macan sekti, sing terose sedulur Sampeyan. Kula saged mlajeng, ning sedulur kula..hk..hk..”
 “Hmmwwwoooaaah..! sapa iku Gembing?!”
“Sanjange sedulur kembar Sampeyan. Niki nek Sampeyan badhe nadhah kula, sumangga. Ning nggih gluprut cakar kalih getih awak kula,”
“Hmmwwwoooaaah..! ora sudi! Luweku ilang, ngerti! Aku ora nduwe sedulur kembar. Aku ki anak tunggal saka Bapak Macan Tutul. .. Hmmwwwoooaaah..! manas ati si Gembing iku!”
“Lho, Sampeyan ajeng napa? Nglawan.. wah empun, Paak! Si Gembing niku siyunge mingis-mingis, kukune dawa boten nate dikethoki, playune buanter.. sumbare si Gembing ngeten.. Endi ratumu Gembong sing bodho lan seneng umuk kae. Dakkremus-kremuse nek nganti maju rene!”
“Hmmwwwoooaaah..! kowe malah ngelokna aku! Wis aja kakehan rembug. Terna aku marang si Gembing,” kaya dikilani dhadhane Gembong, krungu tembunge Plangka sing ngabangake kuping iku.
Akhire si Gembong manut karo si Plangka. Tekan sumur tengah bulak si Plangka mandheg sajak wedi.
“Hmmwwwoooaaah..! Endi Ka? Kowe kok kaya wedi ki piye? Ana aku, aja kuwatir!”
Si Plangka nuding nang jero sumur. Ning terus ethok-ethok wedi lan nggandhuli buntute si Gembong. Amarga krasa keri lan risi, matane mendeliki si Plangka. Gembong ngungak ing jero sumur. Banyu sing bening iku dadi kaca pangilo. Gembong gero, sing nang jero sumur ya gero. Gembong ngisis siyunge sing nang jero sumur mengkono uga.
“Hmmwwwoooaaah..! mati kowe !” kandhane Gembong karo nubruk ayang-ayang ing jero sumur sing jeru iku.
Byuuoorr ! macan gedhe iku kecemplung sumur. Plangka batine surak seneng. Ora suwe Kancil karo kewan-kewan liyane padha teka. Gembong bengak-bengok sebab ora bisa mentas. Njaluk sepura karo kabeh kewan. Ora bakal sombong lan angkuh. Ora bakal ngendelake dupeh gedhene, lan dupeh kuwasane.


C.     Sampeyan wangsuli pitaken-pitaken ing ngandhap punika !
1.      Sinten Gembong niku ?    
2.      Macan Tutul niku watake kados pundi ?       
3.      Kangge nedhanipun, Gembong ndamel aturan kados pundi ?           
5.      Sinten paraga utama ing dongeng ing inggil ?
6.      Sinten ingkang mitulungi dhateng Truwelu ?         
7.            Kados pundi panggeronipun si Gembong ?        
8.            Kados pundi caranipun si Plangka saged ngalahaken si Gembong ?
9.            Kenging menapa Gembong nyemplung sumur ?     
10.        Saking dongeng ing inggil, piweling napa ingkang saged kapendhet ?
DONGENG " SI GEMBONG" 4.5 5 Hand Friday, October 10, 2014 NYEMAK DONGENG " SI GEMBONG" A.          Dongeng Dongeng kalebu crita rakyat, yaiku crita kang wis ana wiwit biyen mula, turu...


No comments:

Post a Comment