Bahasa Jawa Rimbaging Tembung

 on Friday, October 10, 2014  


Menawa dionceki, manut wewujudane tembung iku kaperang dadi loro; yaiku 

a. tembung kang durung owah saka asale; tembung lingga.
b. tembung kang wis owah saka asale; tembung andhahan
  
Ing ngisor iki kutipan cerkak "Lien Nio...Putih Atimu" karyane JFX Hoery; ayo disemak dhisik !
 
Srengenge gumlewang ngulon, aku sakanca ninggalake Teluk Srengit. Lakuku bareng Lien Nio sing kala-kala lakune gejajigan nahan rasa lara. Tanganku kerep nggandheng tangane, menehi kekuwatan samangsa ngliwati dalan rumpil.
Tekan ndhuwur Teluk Srengit aku lan Lien Nio mandheg. Daksawang samodra kidul, daksawang alun gumulung. Ombak-ombak nggawa unthuk putih, watu gamping kang putih, pasir-pasir Teluk Srengit kang putih. Panorama kang endah ing Teluk Srengit wis kuwawa mbuncang ati sengit.
Mripatku lan mripate Lien Nio bali adu pandeng. Ing kono dakweruhi, atine Su Lien Nio .. katon putih.

Coba saiki ayo dipithati, endi sing kalebu tembung lingga lan endi sing tembung andhahan :

tembung lingga :
"srengenge, aku, bareng, sing, rasa, lara, kerep, dalan" lsp.
tembung andhahan :
""gumlewang,  ngulon, sakanca, ninggalake, kala-kala"  lsp.

Pranyata, owah-owahaning tembung lingga dadi tembung andhahah iku ana telu. Owah-owahan mau diarani Rimbag prastawa/kahanane diarani pangrimbag. Rimbaging tembung iku ing antarane :
a. karana wuwuhan (afiksasi)
b. karana karangkep (reduplikasi)
c. karana kacambor (kompositum)
Bahasa Jawa Rimbaging Tembung 4.5 5 Hand Friday, October 10, 2014 Menawa dionceki, manut wewujudane tembung iku kaperang dadi loro; yaiku  a. tembung kang durung owah saka asale; tembung lingga. b. t...


No comments:

Post a Comment