DONGENG : "AJI SAKA"

 on Friday, October 10, 2014  

A. Dongeng 2 
AJI SAKA

Kocap kacarita ing negara Medhangkamulan, ratune Prabu Dewatacengkar nyata raja sing kebak angkara murka. Ratu kang asor budine, jail methakil, dhemen gawe cilik atine kawulane. Prabu kang sura sekti iku gawe pranatan, saben kulawarga kudu setor pangan minangka tandha bekti marang Prabu Dewatacengkar. Kanthi cara giliran, kabeh padha tundhuk lan manut. Sebab padha wedi lan giris yen nganti kena ukum gantung. Apa sing kudu disetorake ? Ora liya salah siji kulawargane, sing paling gagah, enom lan santosa. Mula ora aneh, akeh para mudha taruna sing padha ngungsi sebab padha cilik atine, yen nganti kudu ditadhah karo ratune.

Panguripan ing Medhangkamulan dadi sengsara, kurang pangan, akeh rerusuh. Maling, rampog nambah sedhih nggrantes atine wong Medhangkamulan.

Ana nom-noman saka tanah Hindu aran Ajisaka angejawa. Tekan ing pulo Majeti dhawuh marang abdine kang aran Sembada supaya kari ing kono. “Sembada kowe karia ana ing kene. Reksanen pusakaku iki. Aja pisan-pisan kokwenehake sapa bae, yen ora aku dhewe sing nyuwun,” mengkono piwelinge marang si Sembada. Sabanjure nerusake laku menyang pulo Jawa karo si Dora.

Ajisaka tekan ing Medhangkamulan. Weruh kahanane negara ing Medhangkamulan sing mrihatinake iku  utusan si Dora kulak warta. Bareng wis ngerteni yen kabeh mau amarga Prabu Dewatacengkar, Ajisaka dadi kepengin adu arep karo sang Prabu Dewatacengkar. Yen wong liya padha sumingkir, Ajisaka malah kepengin kepethuk ratu sing wengis lan kejem mau.

Nalika semana Ajisaka ngliwati omahe Mbok Randha tuwa sing lagi nangis ngguguk. Bareng ditakoni jebul Mbok Randha mau nangisi nasibe. Anak-anake mati amarga disetorake. Bojone uga dipateni amarga nentang kersane Prabu Dewatacengkar. “Lha saiki apa sing koktangisi?” pitakone Ajisaka.

“Huu..hk, hk.. anak kula kantun setunggal. Lha kok sakniki mpun giliran setor malih.. huu.. ya’ napa niki, Den?” tangise saya ndadi karo nggandhuli klambine Ajisaka.

Akhire Ajisaka banjur nggenteni anak lanange Mbok Randha. Kabeh mau ka
nggo guna sarana bisane mlebu ing kraton, bisa adu arep karo ratu sing angkara murka mau.

Sadurunge didhahar, Ajisaka ditakoni njaluk apa sadurunge dimasak. Ajisaka mangsuli yen kepengin njaluk lemah sing ambane sadawane iket sing digawe. Muni ngono iku karo ngudhari ikete. Dewatacengkar ngguyu lakak-lakak, ngremehake. “Nanging, ingkang ngukur kedah Panjenengan piyambak,” ngono panjaluke Ajisaka.

Aneh banget. Prabu Dewatacengkar kang mundur-mundur..... 

ngukur dawane iket, jebul kaya ora ana enteke, ora ana watese. Nganti akhire, tekan ing sapinggire segara kidul. Ajisaka tanggap. Iket banjur dikebatake. Dewatacengkar  kecemplung segara. Sailange Dewatacengkar ana bajul putih sing sesumbar bakal males ukum marang Ajisaka lan marang sapa bae sing ora waspada nalika ing cedhak segara.

Ajisaka wusanane dadi ratu ing Medhangkamulan. Negara Medhangkamulan dadi makmur, rakyate urip ayem tentrem. Sing mau padha ngungsi wis padha bali, urip bebarengan mbangun negara Medhangkamulan. Amarga isih durung kagungan garwa mula ganti asma Prabu Jaka.

Prabu Jaka kelingan marang abdine si Sembada. Banjur utusan marang si Dora supaya nusul menyang pulo Majeti. Si Sembada wis luwar saka kuwajibane ngreksa pusaka. Si Dora diutus nusul kancane lan mundhut pusakane.

Dienteni nganti suwe lelorone durung bali ing kraton. Prabu Jaka ora kepenak penggalihe. Sakala banjur kelingan yen nate dhawuh sapa bae ora kena nyuwun pusakane yen ora Ajisaka dhewe. Prabu Jaka banjur prentah prajurit, ndherekake tindake menyang pulo Majeti.  Tekan ing pulo Majeti sedhih banget sang Prabu Jaka. Sebab tinemu leloro abdine wis kari kunarpa. Saya sedhih maneh sebab matine abdi Dora Sembada mau krana pusakane.

Kanggo pangeling-eling Sang Prabu banjur gawe carakan wujude Ha Na Ca Ra Ka, Da Ta Sa Wa La, Pa Dha Ja Ya Nya, Ma Ga Ba Tha Nga. Tegese ana utusan, padha ora bisa selake – padha setyane, padha sektine, dadi padha nemoni patine.

Saka dedongengan mau akeh sing padha percaya yen prastawa mau dadi asal-usul muncule aksara Jawa, sing dadi salah siji mutyara ing kabudayan Jawa. Apa sebabe mengkono? Sebab akeh basa ing donya iki, nanging ora kabeh bangsa mau nduweni aksara kaya basa Jawa. Mulane para siswa kudu tansah nguri-uri lan nyinau anane Aksara Jawa mau.



B. Panjenengan wangsuli pitaken-pitaken ing andhap punika !

1.   Papan panggenan ingkang wonten ing dongeng ing pundi mawon ?    

2.      Kadospundi wewatakanipun Prabu Dewatacengkar ?     

3.      Sedaya rakyat ing Medhangkamulan ajrih dhateng pranatan ingkang pundi ?     

4.      Menawi boten purun setor manungsa kangge dhaharan, punapa ukumanipun?     

5.      Menapa ingkang nambah raos sedhih lan nggrantesipun tiyang Medhangkamulan ?     

6.      Ajisaka punika asalipun saking pundi ?   

7.      Sinten kemawon nami abdinipun Ajisaka puniku ?     

8.      Dumugi pundi si Sembada dipun utus kantun ?    

9.      Sembada dipun dhawuhi punapa ?     

10.  Mirsani negari Medhangkamulan ingkang mrihatinaken sanget, Ajisaka kepengin punapa ?    

11.  Kadospundi caranipun Ajisaka saged aben ajeng ing Prabu Dewatacengkar ?    

12.  Saderengipun dipundhahar Ajisaka kagungan panyuwun punapa ?    

13.  Dewatacengkar kecemplung ing seganten lan malih dados punapa ?     

14.  Ajisaka dados ratu ing Medhangkamulan kanthi peparab sinten ?    

15.  Sang Ajisaka utusan si Dora diutus menapa ?    

16.  Sareng dipun purugi ing Majeti, kadospundi si Dora lan Sembada ? kenging menapa mekaten ?     

17.  kangge pangemut-emut Prabu Jaka lajeng ndamel punapa ?     

18.  punapa tegesipun    ha na     ca ra ka ,  da ta    sa wa la ?     

19.  Punapa tegesipun    pa  dha    ja  ya  nya,   ma  ga  ba  tha  nga ?     

20.  Panjenengan serat carakan ha ngantos nga kanthi aksara Jawa !

(*aturane nulis aksara Jawa : nggandhul baris, kudu saka pucuk sisih kiwa, ora kena saka ndhuwur)



C.      Menehi tanggapan antarane dongeng lan kahanan ing jaman saiki

Rembugen pitakon-pitakon ing ngisor iki karo kancamu sabangku !

1.      Saka dongeng Si Gombong lan Ajisaka iku ana kedadeyan kang padha utawa meh padha. 
         Apa iku manut panemumu 
2.      Manut panemumu, yen dadi pemimpin iku kudu nduweni watak kepriye ?   
3.      Watak ala apa bae sing kudu disingkiri dening pemimpin iku ?    
4.      Ki Hajar Dewantara kagungan sesanti mangkene : Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, 
5.       tut wuri handayani. Terangna tegese !
DONGENG : "AJI SAKA" 4.5 5 Hand Friday, October 10, 2014 A. Dongeng 2  AJI SAKA Kocap kacarita ing negara Medhangkamulan, ratune Prabu Dewatacengkar nyata raja sing kebak angkara murka. Ratu...


No comments:

Post a Comment