I.
Wenehana tandha ping ( X ) ing aksara
a , b , c utawa d minangka wangsulan pitakon sing bener !
1.
Geguritan !
Delengen ing bang
wetan lan bang kulon
Sunare kemajuan
katon makantar-kantar
Apa kowe isih
panggah nggondheli kemul ?
Isih enak-enak
turu ?
Senggar-senggur
oran mikir ?
Kamangka ing kana
wis bisa ngancik rembulan
Ing kana ngancik planet
Mars
Apa kowe mung
trima dhelog-dhelog
Ngenteni lugure
endhog ?
. . . .
Apa
piweling kang ana ing geguritan iku?
A.
Supaya dolanan wae
B.
Supaya eling
marang Gusti Kang Maha Kuwasa
C.
Supaya sregep
nyambut gawe lan ora keri ing jaman
D. Supaya sregep tetulung marang wong liya
2. Ing
sawijining dina Kancil mlaku-mlaku ing tengah alas. Ing kana ketemu Bantheng
karo Baya kang lagi tukar-padudon. Awit Baya njaluk punuke Bantheng kang lemu
lan gimbyur-gimbyur sawise Baya ditulungi Bantheng amarga ketiban wit sing
gedhe banget. Mula banjur Bantheng jaluk keputusan marang Kancil. Ora kesuwen Kancil jaluk dibaleni mula
bukane kedadiyan iku supaya ngerti kawitane. Bareng wis ngerti Baya ditibani
wit maneh karo Bantheng , Kancil banjur ngajak Bantheng supaya ninggalake Baya
kang lagi nggereng-nggereng sambat amarga ketiban wit mau.
. . . .
Saka
wacan iku , Kancil duweni sifat sing . . . .
A.
Sabar C. Pilih kasih
B. Nrima D. adil
3. Miturut kabar ing TV saiki ing ngendi-endi tansah
ana prahara banjir. Tembung “banjir” yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi . . . .
A.
C.
B.
D.
4. 1. Wong-wong sing ngungsi padha bali mulih menyang
omahe maneh.
2. Bareng udane wis
terang banyune surut
3. Senajan
mangkono katone warga kampong ya ora kapok
4.
Omah , tanduran lan liyan-liyane padha rusak
Supaya
dadi pada kang runtut , urutan sing bener yaiku . . . .
A.
4 – 3 – 2 – 1 C. 2 – 1 – 4 – 3
B.
2 – 3 – 4 – 1 D. 2
– 1
– 3
– 4
5.
Cacahing gatra
tembang Pocung iku ana . . . gatra.
A.
6 C. 4
B.
5 D. 3
6. 1. Mijil
2. Ilir-ilir
3. Pocung
4. Jamuran
Tembang-tembang
ing dhuwur kang kalebu tembang Macapat , yaiku . . . .
A.
1 , 2 C. 1 , 4
B.
3 , 4 D. 1 , 3
7. Jerukku dipangan adik.
Tembung
“dipangan” yen ditulis aksara Jawa sing bener . . . .
A.
C.
B.
D.
8.
Pangkur
Sekar Pangkur kang
winarna
Lelabuhan kang
kanggo wong ngaurip
Ala lan becik
punika
Prayoga kaweruhana
Adat waton punika
dipun kadulu
Miwah ingkang tata
karma
Den kaesthi siyang
ratri.
Guru wilangan lan
guru lagune gatra kang kapisan ing saka tembang Pangkur ing dhuwur yaiku . . . .
A.
8a C. 8u
B.
8i D. 8o
9. Ki
Hajar Dewantara miyos ing Ngayogyakarta 2 Mei 1889. Nalika isih timur asmane
Raden Mas Suwardi Suryaningrat.Ki Hajar Dewantara ngadegake pawiyatan kang aran
Perguruan Taman Siswa ing Ngayogyakarta. Bebarengan karo Edward Douwes Dekker
lan dr. Cipto Mangunkusumo ngedegake pakumpulan “Indische
Partij” ing tanggal 25 Desember 1912.Amarga gedhe banget lelabuhane marang
nagari Indonesia Ki Hajar Dewantara sinebut Bapak Pendidikan Nasional . . . .
Sapa asmane Ki Hajar Dewantara nalika isih timur ?
A.
Edward Douwes
Dekker C. Raden Mas Suwardi Suryaningrat
B. Dr. Cipto Mangunkusumo D. Mohammag
Yamin
10. Aksara Jawa iki tulisan latine . . . .
A.
Urip pralaya C. Ana Prahara
B.
Gagah Prakosa D. Urip Prasaja
11. Alise nanggal sepisan. Dene idepe , sing becik
cinandra .
. . .
A.
Nggendhewa
pinenthang C. Tumengeng tawang
B.
Manjang Ilang D. Nyikil Walang
12. . . . kaya bisa mutung wesi gligen. Tembung pepindhan
kang mathuk kanggo ceceg-ceceg ing dhuwur, yaiku . . . .
A.
Swarane C. Tandange
B.
Sumbare D. Polahe
13. “Dodol rujak cingur” , yen ditulis nganggo aksara
Jawa sing bener
. . . .
A.
C.
B.
D.
14. Indonesiaku
Telung atus seket
warsa
Dijajah bangsa
Walanda
Wargane urip lara
lapa
Anak putu tansah
kalunta-lunta
. . . .
Tembung “warsa” kang ana sajroning geguritan ing
dhuwur, tegese .
. . .
A.
Dina C. Taun
B.
Wulan D. Windu
15. (Wacan kanggo pitakon nomer 15 nganti 17 )
ANDHE – ANDHE LUMUT
Mbok Randha ing desa Dhadhapan duwe anak pupon
nggantheng banget , jenenge Andhe-Andhe Lumut. Akeh wong sing kepingin ngepek
mantu. Ananging Andhe-Andhe Lumut ora gelem.
Ora adoh saka desa kono uga ana randha kang aran
Mbok Randha Karangwulusan.Duwe anak papat wadon kabeh. Sing telu anake dhewe
lan sing siji anak pupon. Pambarepe jenenge Kleting Abang , sing nomer loro
Kleting Wungu , lan anak sing nomer telu jenenge Kelting Biru. Dene sing nomer
papat (anak pupon) jenenge Kleting Kuning.
Anake Mbok Randha Karangwulusan sing telu mau kabeh
ora doyan gawe. Senenge mung macak lan brai , nganggo sandhangan kang apik tur
regane larang. Kosok baline sing anak pupon aran Kleting Kuning
mau disiya-siya dening Mbok Randha Karangwulusan sak anake.Uripe tansah rekasa
katula-tula. Sandhangane rupane wis blawus.
Krungu
kabare Andhe-Andhe Lumut, Mbok Randha Karangwulusan ngongkon anake papat mau
nemoni Andhe-Andhe Lumut supaya ngepek bojo. Sanalika anak wadon papat mau
budhal menyang omahe Mbok Randha Dhadhapan. Nalika arep nyabrang kali kang lagi
banjir , bocah wadon telu mau disabrangake dening Yuyu Kangkang amarga gelem
mbayar.
Bareng
wis tekan omahe Mbok Randha Dhadhapan lamarane ditampik kabeh dening
Andhe-Andhe Lumut. Bocah wadon telu mau bali mulih banjur tekan kali maneh. Dene Kleting Kuning ora disabrangake dening Yuyu Kangkang amarga diwagu
ora bisa mbayar. Rumangsa wis kesel ngenteni , kali mau bnajur disabet nganggo
cis dening Kleting Kuning. Sanalika banyu kali mau banjur asat.
Kleting Kuning mlaku nyabrang kali sing wis asat mau.
Tekan omahe Mbok Randha Dhadhapan lamarane ditampa dening Andhe-Andhe Lumut. Kleting Kuning banjur digrujug banyu dening Andhe-Andhe Lumut. Sanalika
Kleting Kuning
malih dadi Putri Dewi Candra Kirana lan Andhe-Andhe Lumut malih dadi Raden Putra. Dewi Candra Kirana lan
Mbok Randha Dhadhapan diboyong menyang Kraton Jenggala. Dene Mbok Randha Karangwulusan lan anake
telu kabeh dilebokake menyang pakunjaran Kraton Jenggala.
Lakon (tokoh utama) kang ana dongeng ing dhuwur yaiku. . . ..
A.
Mbok Randha
Dhadhapan C. Kleting Wungu
B.
Mbok Randha
Karangwulusan D. Andhe-Andhe Lumut
16. Watake Kleting Kuning ana ing dongeng ing dhuwur
yaiku . . . .
A.
becik C. gampang nesu
B.
ala D. drengki lan srei
17. Piweling kang bisa kapethik saka dongeng (crita)
Andhe-Andhe Lumut yaiku
A.
Wong kang atine ala mesti uripe bakal mulya
B.
Wong kang sabar
narimo uripe mesti bakal mulya
C.
Urip ing donya iku
aja nganti becik marang sapadha-padha
D.
Wong urip iku aja
duwe rasa drengki srei
18. Pak
Usman tansah nggatekake pakan lan kandhang pitike. Kandhange katon tansah
resik, telek pitik dikumpulake kanggo rabuk tetanduran. Putrane Pak Usman loro,
lanang wadon lan sregep-sregep. Saben dina ana bae pitike babon sing ngendhog. . . . .
Ukara
kang mathuk kanggo njangkepi ceceg-ceceg ing dhuwur , yaiku . . . .
A. Endhog-endhog mau saben dina didadar kanggo lawuh
mangan
B. Endhog-endhog mau diklumpukake banjur didol
C. Putrane Pak Usman sregep adol pitik
D.
Pitike Pak Usman
arep dibeleh kanggo kajat mantu putrane
19. Pakdhe : “
Kok kadingaren, arep ana perlu apa?”
Surti :
“ Boten wonten perlu punapa-punapa , namung badhe sowan kemawon”.
Budhe : “
Lha kok kowe nakokake layang barang “.
Surti :
“.
. . . “.
Pakdhe: “ Mbok tilikana kothak pos ing ngarep omah
kae !”
Ukara
kang mathuk kanggo njangkepi pacelathone Surti ing dhuwur yaiku . . . .
A. Terose Ibu , sabakdanipun kesah mriki badhe kintun
layang riyin.
B. Ngendikanipun Ibu , saderengipun tindak mriki badhe
kintunserat rumiyin.
C. Aturipun Ibu , sabakdanipun kesah mriki badhe
kintnun serat rumiyin.
D.
Kulo boten
mangertos punapa-punapa, Budhe.
20. Fitri :
“Saderengipun tepangaken , kula Fitri murid kelas 6 SD ngajeng punika.
Kula
badhe pitaken kaliyan Ibu. Saged ta , Bu?”
PKL : “
Oh , bisa !”
Fitri :
“ Milai kapan Ibu sadeyan dhateng mriki ?”
PKL : “
Kurang luwih wis limang taun”.
Fitri :
“
. . . . “.
PKL : “
Sadurunge aku ora nyambut gawe apa-apa “.
Fitri : “ Punapa tetdhan ingkang Ibu sade punika
damelan piyambak ?”
Ukara
kang mathuk kanggo njangkepi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku . . . .
A. Pinten reginipun jajan punika ?
B. Sinten ingkang damel tetdhan ingkang panjenengan
sade ?
C. Saderengipun , Ibu nyambut damel punapa ?
D.
Cekap semanten
rimuyin nggih , Bu. Matur sembah nuwun sanget.
21. “Bosok malah enak”.
Cangkriman iku batangane . . . .
A.
tempe C. tape
B.
tahu D. sate
22. Salak iku batangane saka cangkriman . . . .
A.
Sega sakepel
dirubung tinggi C. Pitik walik saba kebon
B. Bosok malah enak D. Dikekthok malah dhuwur
23. ( Wacan kanggo pitakon nomer 23 lan
24 )
. . . .
Akeh
omah sing ambruk , sawah sing rusak ,
rajakaya sarta sato-iwen kerut banyu, lan liya- liyane. Malah ana sekolahan
sing kapeksa diliburake amarga gedhonge keleban. Pendhudhuk gedhe-cilik,
nom-tuwa, polahe “kaya gabah den interi”, golek slamet dhewe-dhewe. Akeh-akehe
padha ngungsi menyang panggonan-panggonan sing luwih dhuwur.
Wong-wong
sing ora kena musibah padha cancut taliwanda, tumandang mbiyantu
sedulur-sedulure sing lagi nandhang musibah. Gedhening kapitunan jalaran
musibah mau ora sethithik, yen dikertaaji bisa nganti atusan yuta rupiah.
Bantuan saka ngendi-endi padha teka prasasat “mbanyu mili”, utamane saka
pamarentah. Iku kabeh kanggo ngenthengake kasangsarane rakyat kang lagi
nandhang musibah.
Apa
wosing wacana (tema) kang ana ing wacan dhuwur iku ?
A.
Akeh omah sing
ambruk, sawah sing rusak, rajakaya lan sato-iwen padha kerut banyu.
B.
Gedhening
kapitunan jalaran musibah banjir.
C.
Pendhudhuk padha
ngungsi menyang panggonan kang luwih dhuwur.
D.
Sekolahan
diliburake amarga gedhonge ketiban awu saka gunung sing njeblug
24. Kepriye kahanane pendhudhuk kang lagi nandhang
musibah ing wacan dhuwur iku ?
A. Bantuan saka ngendi-endi prasasat mbanyu mili.
B. Iku kabeh kanggo ngenthengake kasangsarane rakyat
kang lagi nandhang musibah.
C. Yen dikertaaji bisa nganti atusan yuta rupiah.
D.
Polahe kaya gabah
den interi, padha golek slamet dhewe-dhewe.
25. (Kanggo pitakon nomer 25
lan 26)
. . . .
Kawulamu . . . .
Guyub rukun
anambut kardi
Jroning swasana
tentrem lan mardhika
Giliging tekad
manunggal
Cumithak jroning
ati
Bebarengan
ambangun
Aku lila . . . .
Korban jiwa raga
kanggo bumiku
Nadyan awak ajur
dadi sawur
Lan getihku
mblabar nuli ,
Netesi bumi
pertiwi
Labet raharjaning
nagara
. . . .
(Karipta dening Mahardono Wuryantoro)
Apa
wosing geguritan ing dhuwur iku ?
A. Korban jiwa ragane Pahlawan kanggo raharjaning
nagari
B. Netesi bumi pertiwi amrih ajur dadi sawur
C. Bebarengan ambangun nagara
D.
Getih kang netesi
bumi pertiwi
26. Apa tegese “Guyub
rukun anambut kardi” kang ana ing geguritan dhuwur iku ?
A. Swasana kang guyub lan rukun
B. Bebarengan nyambut gawe kanthi guyub rukun
C. Guyub rukun karo kaluwargane dhewe
D.
Urip kanthi rukun
karo sanak-kadange
27. Anggenipun mbeksa gandhes . . . runtut kaliyan wiramaning gendhing
A.
angles C. luwes
B.
mules D. lemes
28. “ Mau esuk Mas Toni nguras
jedhing”.
Sing kasebut lesan ana ing ukara dhuwur ,
yaiku . . . .
A.
Mau esuk C. nguras
B.
jedhing D. Mas Toni
29. Warga desa Margo Asri cacahe ana 4.759 jiwa
4.759 yen ditulis nganggo aksara Jawa, dadine . . . .
A.
C.
B.
D.
30. Mariana mangsuli , “ Aku
sing nggawa bukumu !”
Ukara
kandha ing dhuwur yen diowahi dadi ukara crita , sing bener . . . .
A.
Mariana kandha yen
dheweke sing nggawa bukuku.
B.
Mariana mangsuli
yen aku sing nggawa bukumu.
C.
Mariana kandha yen
aku sing nggawa bukune.
D.
Mariana mangsuli
yen dheweke sing nggawa bukumu.
31. Pelem gadhung ditandur ana
ing kebon dening Mas Anggit.
Ukara
kasebut yen diowahi dadi ukara tanduk , dadine
.
. . .
A.
Ana ing kebon
pelem gadhung ditandur dening Mas Anggit.
B.
Mas Anggit nandur
pelem gadhung ana ing kebon.
C.
Pelem gadhung
nandur ana ing kebon dening Mas Anggit,
D.
Mas Anggit
ditandur pelem gadhung dening ana ing kebon.
32. ( Kanggo pitakon nomer 32
lan 33 )
. . . .
Puja lan puji syukur sumangga sami kita
aturaken dumateng Gusti Ingkang Maha Agung , ingkang sampun paring kawilujengan
, saengga ing wekdal punika kita dipun panggihaken ing pasamuan punika. Minangka sesulihipun kanca-kanca kelas 6 , kula
ngaturaken gunging panuwun dene Bapak saha Ibu sampun kersa rawuh dhateng
pasamuan ingkang kula wontenaken punika. Pasamuan
punika minangka wujudipun raos syukur dumateng Gusti Ingkang Maha Kuwasa awit
saking kanugrahanipun kula sakanca kelas 6 saged lulus sedaya.
Salajengipun
kula inggih ngaturaken gunging panuwun dumateng Bapak saha Ibu Guru ingkang
sampun nggulawenthah kula sakanca wiwit kelas 1 ngantos kelas 6 . . . .
Apa isine pidhato ana ing
dhuwur iku ?
A. Sambutan saka wakil kelas 6 sing lulus sekolah
nalika adicara syukuran.
B. Sambutan saka wakil kelas 6 nalika pamitan marang
Bapak Ibu Guru.
C. Wakil kelas 6 ngaturaken puji syukur dumateng Gusti
Ingkang Maha Agung.
D.
Wakil kelas 6
ngaturaken gunging panuwun dumateng Bapak saha Ibu Guru.
33. Ukara kang mathuk kanggo njangkepi pambukaning
pidhato ing dhuwur, yaiku . . . .
A. Wasana cekap semanten atur kula, bilih wonten
kaladuking atur kula nyuwun agungipun pangapunten.
B. Kula sakanca kelas 6 inggih nyuwun donga pangestu
mugi-mugi saged nglajengaken dhateng sekolah ingkang langkung inggil.
C. Dumateng Bapak Kepala Sekolah, Bapak Pengurus
Komite Sekolah, Bapak Ibu Guru ingkang kula kurmati , saha kanca-kanca kelas 6
inkang kula tresnani.
D. Wusananing atur, mugi kita sedaya tansah pikantuk
kanugrahan saking Gusti Ingkang Maha Agung. Wassalamu’alaikum
warahmatullahi wabarakatuh.
34. ( Kanggo pitakon nomer 34
lan 35 )
Kinanthi
Anoman malumpat
sampun
Prapteng witing
nagasari
Mulat mangandhap
katingal
Wanodyayu kuru
aking
Gelung rusak wor
lan kisma
Kang
iga – iga kaeksi
Tembang
Kinanthi ana ing dhuwur iku kadadeyan saka . . . .
A.
6 gatra C. 6 wanda
B.
6 bait D. 6 pada
35. Sing kalebu Tembung Garba ana Tembang Kinanthi ing
dhuwur, yaiku
. . . .
A.
malumpat C. kaeksi
B.
mangandhap D. Prapteng
II. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana nganggo
wangsulan sing bener!
36. Paugeran karangan !
1. Saben sapada
cacahe ana 4 gatra.
2. Saben gatra
cacahe ana 8 wanda.
2. Gatra 1 – 2
minangka nunutan (sampiran).
3.
Gatra 3 – 4 minangka isine.
Karangan miturut paugeran ing dhuwur iku jenenge . . . .
37.
Tulisan Jawa ing dhuwur
aksara latine
. . . .
38. Dhong-dhinging swara (tumibaning swara) saben
pungkasane gatra ing sajroning tembang diarani . . .
39. Kacarita
pinuju ing satunggaling dinten Kancil lumampah wonten ing saurut pinggiring
lepen. Dumadakan kajerag Kancil ngidak keyong Keyong lajeng ndhelik angslup ing
omahipun.
Latar
(papan panggonan) kadadeyan crita ing dhuwur yaiku ana ing
40. Terusake paribasan ing ngisor iki !
“ Anak polah Bapa . . . . “.
41. Satriya pambarepe Pandhawa iku jenenge . . . .
42. Gada Rujak Polo iku sanjatane . . . .
43.
Gambar Wayang ing dhuwur iku jenenge . . . .
44. Wasana cukup semene, bisa lan orane aku sakanca
ngantu-antu wangsulan.
Pedhotan layang (surat) ing dhuwur kalebu perangane
layang, yaiku bagiyan . . . .
45. Dak rewangi adus . . . abote nyukupi kabutuhan kaluwargaku.
Tembung entar kang mathuk kanggo ceceg-ceceg ing
dhuwur yaiku . . . .
III. Wangsulana
pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan sing bener !
46. Coba critakna carane gawe dolanan kaya gambar ing
ngisor iki !
.....................................................................................................................
47. Critakake
gambar ing ngisor iki miturut nomere supaya dadi crita kang untut!
..................................................................................................................................
48.
Urutna
ukara ing ngisor iki supaya dadi pada kang runtut !
1. Mula
dadi panggonane nyamuk aidhes aeghipty
2. Banyu
ing got padha mambeg kasumpet larahan
3. Pungkasane
dadi jalaran pageblug demam berdarah
4. Kampung
Bumiaji kahanane reged banget
..........................................................................................................................
49. Tembung
“
Mecu” dadi “Mecucu”, “Cenges”
dadi “Cengenges”.
Gaweya
4 (papat) tuladha tembung dwiwasana saliyane tembung ing dhuwur iku !
..........................................................................................................................
50. Gaweya
ukara nganggo tembung dwilingga salin swara !
.........................................................................................................................
KUNCI
JAWABAN
SOAL
UJIAN SEKOLAH
TAHUN
PELAJARAN 2014/2015
MATA
PELAJARAN :
BAHASA JAWA
I.
1. C 11. C 21. C 31. B
2. D 12. B 22.A 32. A
3. B 13. A 23.B 33. C
4. C 14. C 24.D 34. A
5. D 15. D 25.A 35. D
6. D 16. A 26. B
7. C 17.
B 27. C
8. A 18. B 28. B
9. C 19. B 29. B
10.D 20.
C 30. A
II.
36. Parikan / pantun 41.
Yudistira / Puntadewa
37. Bukune Santi digambari wayang 42. Werkudara
38. guru lagu 43.
Gatutkaca
39. penggir lepen / pinggir kali 44. Panutup / Wasana Basa
40. kepradah 45. Kringet
III. 46. Miturut kawicaksananipun guru.
47. 1. Wayah
udan Budi bal-balan ing lapangan karo kancane.
2.
Nalika tekan omah awake Budi meriang/adhem-panas , watuk , lan pilek. Budi
dielingake Ibune supaya ora udan-udan maneh.
3.
Budi diutus ngombe obat karo Ibune.
4.
Bubar ngombe obat Budi waras maneh
(
utawi miturut kawicaksananipun guru )
48. 4. Kampung Bumiaji kahanane
reged banget
2.
Banyu ing got padha mambeg kasumpet larahan
1. Mula dadi panggonane nyamuk aidhes
aeghipty
3.
Pungkasane dadi jalaran pageblug demam berdarah
49. 1.
Cuwo =
Cuwowo 2. Cengek
= cengengek
3. Cunguk =
cengunguk 4. Cekik =
cekikik ,
( lsp. Utawi miturut
kawicaksanan guru ).
50. Wis dikandhani
bola-bali kok isih lali wae. (utawi miturut kawicaksanan guru).
PAUGERAN
PENSKORAN :
I.
Wangsulan bener X 1,8 = 35 X
1,8 = 60
II.
Wangsulan bener X 2 = 10 X 2 =
20
III.
Wangsulan bener X 4 =
5 X 4 = 20
Cacahing
skor paling akeh = 100
IV. Biji
pungkasan = Cacahing skor saka wangsulan sing benerX 100
Cacahing skor paling akeh
No comments:
Post a Comment